Selasa, 03 November 2015

Omah Adat Joglo

Bahasa Jawa. Omah Adat Joglo

Walaupun ini blog buat ilmu tentang Permesinan Otomotif. Tetapi Saya Juga Sedikit - Sedikit Berbagi ILMU tentang Bahasa Jawa. Tentang OMAH ADAT JOGLO. Mengenal Pada Zaman Dahalu yang Orang Tinggal Di sebuah Rumah yang Dinamai Dengan istilah Rumah Adat Joglo.

Omah Adat Jawa
Omah Adat Jawa kang wis umum yaiku umah Joglo. Omah adat Jawa kuwi  nduweni cirri kang khas yaiku payone kang ndhuwur. Ing Jaman saiki, omah joglo wis arang banget ditemokake, saliyane kuwi omah joglo wis kagolong kuna. Biasane omah Joglo kuwi ana gebyoge kanggo pepaes. Omah Joglo dumadi saka telung peperangan utama yaiku pendhapa,pringgitan,lan dalem.
Bagean pendhapa arupa bagean ngarep kang nduweni ruangan jembar tanpa sekat. Biasane digunakake kanggo nampa tamu utawa ruang dolanan bocah uga dadi papan kanggo santé keluwarga. Pendhapa kuwi ora diwenehi meja kursi ananging naming diwenehi tiker saengga antarane tamu karo kang duwe omah kuwi rukun lan akrab(rukun agawe santosa). Ciri khas bangunan Joglo katon saka bagean payon pendhapane sing dhuwur kayadene gunung.
Bagean pringgitan kuwi ruangan kang dinggo kanggo nganakake pertunjukan wayang kulit(ringgit). Pringgitan kuwi nduweni makna konseptual yaiku dadi paninggal minangka simbolisasi saka sing duwe omah yen piyambake naming bayang – bayang utawa wayang saka Dewi Sri.
Bagean katelu yaiku badean dalem minangka bagean njerone omah arupa ruangan kamar(senthong) uga ruangan liyane kang sifate luwih pribadi. Jaman biyen, senthong kuwi mung digawe telu. Senthong kaping pindho utawa sing ana ing tengah kuwi kosong ananging tetep diisi amben lengkap. Senthong kuwi diarani “Krobongan”, yaiku papan kanggo nyimpen pusaka karo papan kanggo pepuja marang Dewi Sri. Senthong kang kaping telu dinggo kanggo papanturune wong wadon.

Kuwi mau deskripsi sederhanane omah Joglo. 


"Pra_Yogi" Dwi Pam_Budi

Tidak ada komentar:

Posting Komentar